Sabtu, 28 Januari 2012

Losmen

(Dari Gangga Maschoditos)

LOSMEN :

Sarip : " Kamaré jik onok mas ?"
Losmen : " Wah sampun telas, kebak sedoyo Pak"
Sarip : " Wadóh, aku sedino lelungan mbok digolèk-golèkno nggaé kloso yo gak opo2"
Losmen : " Sakjané wonten setunggal, nanging wonten tiyange bapak tentara piyambak'an, kamaré wonten peturoné kaléh"
Sarip : " Opo gelem dijak paron"
Losmen : " Purun, wongé niku rodo medhit, angger sèwo kamar losmen paron mesthi purun"
Sarip : " Yo wis, aku gelem"
Losmen : " Ning kathah ingkangng sambat, jé"
Sarip " Sambat yok opo ?"
Losmen : "Tiyangé niku ngoroké kados bledèg nyamber2"
Sarip : " Gak opo2"
Losmen : " Biasané konco sak kamar mboten tahan, mboten saged tilem......kebrebegen"
Sarip : " Gak opo2"

Bareng isuké Losmen takon nang Sarip

Losmen : " Dos pundi pak ? Saged saré ? "
Sarip : " Iso, turuku angler, sak iki awakku seger"
Losmen : " Wah, dos pundi caranipun ?"
Sarip : " Pas wayahe turu, wong iku ngorok mbrebegi kuping"
Losmen : " Lha, rak tenan to ? Lajeng kepripun ?"
Sarip : " Langsung aé tak ambungi wongé"
Losmen : " Ha ..... ? Nopo sampéyan hombrèng ?"
Sarip : " Gaaak !!!! "
Losmen : " Lha njuk pripun ?"
Sarip : " Mari ngono wongé sak wengi melèk, gak wani turu !
www.rani.asia

0 komentar:

Posting Komentar

Toko Online Cece

Visitor